Alasan nolak karyawan

Senin, 13 September 2010

Tentang Melamar Pekerjaan di Perusahaan yang Banyak Alasan buat Nolak Karyawan…
G : manajer…
A : calon pelamar kerjaan…

G : Kowe nduwe motor opo ora….?
A : Mboten.
G : Ora ketompo
A : Lho kok mboten ketompo ?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
A : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
G : Wah malah ra ketompo….
A : lho kok ngoten

G : Tempat parkire wis ra cukup.
G : Kowé wis lulus sarjana tenan…..?
A: sampun pak….
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayaré murah
A: Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo…..
A: Lho kados pundi to….?
G : Mengko kow é kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo..
G : Anakmu akèh opo sithik ?
A : Kathah pak
G : Kowé ora ketompo
A : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
A : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
A: Lho, lha kok … ?
G : Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawé
G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
A: Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
A: Sebabipun ?
G : Arep nyambut gaw é kok ora ngerti gaweyané ?
A : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
A : Lho, lha kok … ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?
G : Kowé biso main Internét ?
A : mBoten
G : Kowé ora ketompo
A : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
A: Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
A : Lho, lha kok … ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to?Ngenték-entekké pulsa !
G : Kowe waras opo ora?
A : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo…….
A : Kenging nopo …..?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
A : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo……
A : Pripun to niki….?
G : Mengko aku duwe saingan..

heheheh
MySpace




Baca juga artikel dibawah ini

Next Prev